GUYON MATON
Konco
Lawas
Woy konco-konco
kabeh, aku neng kene ki jane bingung arep muni opo. Aku ki ora iso nglawak,
tapi weslah aku iki duwe crito . aku mbyen duwe konco jenenge Supono cah e ki
sek duwe darah biru, ora mergo deweke turun ningrat tapi cilik ane ombenane
spirtus. Senajan dudu turun ningrat tapi jeneng e ki yo diningrat-ningrat ne.
dowone ki “Raden Mas Supono Noto Boto Sedoso Tibo Limo Penguoso Sejagad Royo”. Mbyen
wektu SMP aku ki sak kelas karo dewekke, senajan lagak e kemlinti koyo ra duwe
rai tapi asline bocah e ki apikan. Tapi yo kui sing ora tak senengi, saben dino
gaweane pamer. Gowo jam ki sing digowo dudu jam tangan tapi jam dinding
dikalung ne jarene regane lang tibak e hadiah undian. Bocah e ancen biasa wae,
ora pinter ning yo ora bodo banget. Saying mergo ora sregep lan gaeane mbolos
nilaine akeh sing abang. Dadi pas dum-duman rapot ngunu kui dewekke mesti ngene
“ He, aku nyilih polpenmu ireng!”. Terus aku mangsuli “Nyapo emange?” dewekke
jawab “ kilo nilaiku iku arep tak warna ben dadi ireng”. Walah enek-enek wae
ulah e bocah sitok iki. Mergo wedi karo bapak e sampek rapot ae diwarna. Bapak e
ancen kereng lek wes nesu ora mek sego wae sing di untal tapi sak
piring-piringe mbarang iso mlebu weteng e. tau mbyen ki bocah e modus karo
bocah pailing ayu sak sekolahan, jenenge Rara Retnowati, ben ngaya keren bocah
e ngaku lek ngene. “ Tenang cah ayu, ora usah kuatir bapakku ki importir dadi
kabeh sing tak wenehne awakmu ki mesti barang larang soko luar”. Mbasan aku
ngerti tibak no gaweane nggletek juragan upil, ngono kok ngaku ne importir. Tau
pas pelajaran ki bocah e ijin arep nek WC , eeee… tibak e ndorongan karo
wedangan neng kantin mburi, tiuber-uber ki panggah rakenek. Lha pie meneh wong
ndelik e ki nek kamar mandi guru layakno ra temu2. Peh, moso ngene ki aku crito
ora disuguhi opo-opo ngunu, suwe-suwe kok kesel jale mbok yo disugune
jajan-jajan opo ngunu kui. Males aku tak mbalik neng asal kui wae neng
Wanghiston D. C.