Powered By Blogger
Powered By Blogger
Tampilkan postingan dengan label B. Daerah. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label B. Daerah. Tampilkan semua postingan

Senin, 28 November 2016

GUYON MATON
Konco Lawas

     Woy konco-konco kabeh, aku neng kene ki jane bingung arep muni opo. Aku ki ora iso nglawak, tapi weslah aku iki duwe crito . aku mbyen duwe konco jenenge Supono cah e ki sek duwe darah biru, ora mergo deweke turun ningrat tapi cilik ane ombenane spirtus. Senajan dudu turun ningrat tapi jeneng e ki yo diningrat-ningrat ne. dowone ki “Raden Mas Supono Noto Boto Sedoso Tibo Limo Penguoso Sejagad Royo”. Mbyen wektu SMP aku ki sak kelas karo dewekke, senajan lagak e kemlinti koyo ra duwe rai tapi asline bocah e ki apikan. Tapi yo kui sing ora tak senengi, saben dino gaweane pamer. Gowo jam ki sing digowo dudu jam tangan tapi jam dinding dikalung ne jarene regane lang tibak e hadiah undian. Bocah e ancen biasa wae, ora pinter ning yo ora bodo banget. Saying mergo ora sregep lan gaeane mbolos nilaine akeh sing abang. Dadi pas dum-duman rapot ngunu kui dewekke mesti ngene “ He, aku nyilih polpenmu ireng!”. Terus aku mangsuli “Nyapo emange?” dewekke jawab “ kilo nilaiku iku arep tak warna ben dadi ireng”. Walah enek-enek wae ulah e bocah sitok iki. Mergo wedi karo bapak e sampek rapot ae diwarna. Bapak e ancen kereng lek wes nesu ora mek sego wae sing di untal tapi sak piring-piringe mbarang iso mlebu weteng e. tau mbyen ki bocah e modus karo bocah pailing ayu sak sekolahan, jenenge Rara Retnowati, ben ngaya keren bocah e ngaku lek ngene. “ Tenang cah ayu, ora usah kuatir bapakku ki importir dadi kabeh sing tak wenehne awakmu ki mesti barang larang soko luar”. Mbasan aku ngerti tibak no gaweane nggletek juragan upil, ngono kok ngaku ne importir. Tau pas pelajaran ki bocah e ijin arep nek WC , eeee… tibak e ndorongan karo wedangan neng kantin mburi, tiuber-uber ki panggah rakenek. Lha pie meneh wong ndelik e ki nek kamar mandi guru layakno ra temu2. Peh, moso ngene ki aku crito ora disuguhi opo-opo ngunu, suwe-suwe kok kesel jale mbok yo disugune jajan-jajan opo ngunu kui. Males aku tak mbalik neng asal kui wae neng Wanghiston D. C.

  

Minggu, 28 Agustus 2016

Drevanda Opsian Sasongko P. 

Bingung Arep Gawe Cerkak


    Dina iku aku lan kanca-kanca sakelasku entuk pelajaran Basa Jawa ngenani cerkak. Aku lan kanca-kanca ngurokne penjelasanne Bu Mifta ngenani apa sing dimaksud cerkak iku, sabanjure rampung anggone Bu Mifta njelasne, dheweke banjur menehi conto ngenani cerkak. Dheweke crita sinambi mlaku munyer-munyer ing njero kelas. Aku ngrungokne critane Bu Mifta kanthi mahami crita kang di critakke kalihan Bu Mifta. Dheweke nyritakne cerkak kang ngemot tema katresnan, rada let suwe anggone Bu Mifta crita dumadakan dheweke banjur demek aku diutus nerusne critane. Aku kaget lan langsung ngadek nerokne opo kang Bu Mifta kemau contone. Rodo suwe aku crito, aku nyinggung ngenani panganan “Sredeg” tibakne kabeh sakelas iku ora ngerti ukara sing tak sampekne kemau, gurune uga ora ngerti apa iku sredeg. Seredeg iku asline digawe saka gethuk telas sepe kang digoreng diwenehi glepung dadine panganan seng jenenge sredeg kang enak di pangan karo wedang kopi.

    Rampung anggonku nglanjutke critane Bu Mifta, aku banjur nunjuk Rohmat kanggo neruske critaku, Rohmat banjur nerusne crita kang diwiwiti Bu Mifta lan aku. Ora let suwe Rohmat banjur nunjuk Amir kanggo neruske critane dhewekke. Amir crito dowo sampe dhwekke nunjuk Maria kanggo neruske critane. Maria ngadek terus mlaku mubeng samba crita dhewekke nyritakke kisah asmara paraga “Amir lan Mashela” Maria kang biasane menengan iku crita cerkak kuwi mau, rada let suwe dhewekke banjur nunjuk Teresha kanggo nglanjutke lan ngrampungne cerkak iku mau, Teresha banjur crita dawa lan akhire crita iku mau dirampungi paraga “Amir” kang ditikung kancane dewe yaiku “Inun”. Akhire crito iku mau rampung. Bu Mifta banjurr ngutus arek-arek gawe kelompok sak kelompok ana 5 arek kejaba seng uwes crita nek ngarep mau.


   Waktu wes rampung aku lan arek-arek diwenehi tugas gawe cerkak kang diketik ing computer. Aku bingung arep nulis opo. Sampek tekan ngomah aku panggah kepikiran ngenani tema sing kudu tak tulis. Amergo suntuk panggah mikir tugas, aku banjur ngecam wedang kopi kanggo nenangke pikiranku. Ono sejam an aku nyruput wedang kopi iku sinambi ngangen-angen apa sing kudu tak tulisne. Mergo panggah suntuk, akhire aku nekat mbukak laptop lan langsung akhire aku nulis opo wae sing tak lakoni iki mau sampe akhir. Aku ngetik tugas iku ana rong jam, saka jam 7 nganti jam 9. Mripatku kaya kudu merem ae amerga aku mau awan urung sempat turu. Sabanjure tugas ku rampung banjur tak edit terus tak salin ing flashdisk kanggo tak tumpuk sesuk nek mae Bu Mifta.