Drevanda Opsian Sasongko P.
Bingung Arep Gawe Cerkak
Dina iku aku
lan kanca-kanca sakelasku entuk pelajaran Basa Jawa ngenani cerkak. Aku lan
kanca-kanca ngurokne penjelasanne Bu Mifta ngenani apa sing dimaksud cerkak
iku, sabanjure rampung anggone Bu Mifta njelasne, dheweke banjur menehi conto
ngenani cerkak. Dheweke crita sinambi mlaku munyer-munyer ing njero kelas. Aku ngrungokne
critane Bu Mifta kanthi mahami crita kang di critakke kalihan Bu Mifta. Dheweke
nyritakne cerkak kang ngemot tema katresnan, rada let suwe anggone Bu Mifta
crita dumadakan dheweke banjur demek aku diutus nerusne critane. Aku kaget lan
langsung ngadek nerokne opo kang Bu Mifta kemau contone. Rodo suwe aku crito,
aku nyinggung ngenani panganan “Sredeg” tibakne kabeh sakelas iku ora ngerti
ukara sing tak sampekne kemau, gurune uga ora ngerti apa iku sredeg. Seredeg iku
asline digawe saka gethuk telas sepe kang digoreng diwenehi glepung dadine
panganan seng jenenge sredeg kang enak di pangan karo wedang kopi.
Rampung
anggonku nglanjutke critane Bu Mifta, aku banjur nunjuk Rohmat kanggo neruske
critaku, Rohmat banjur nerusne crita kang diwiwiti Bu Mifta lan aku. Ora let
suwe Rohmat banjur nunjuk Amir kanggo neruske critane dhewekke. Amir crito dowo
sampe dhwekke nunjuk Maria kanggo neruske critane. Maria ngadek terus mlaku
mubeng samba crita dhewekke nyritakke kisah asmara paraga “Amir lan Mashela”
Maria kang biasane menengan iku crita cerkak kuwi mau, rada let suwe dhewekke
banjur nunjuk Teresha kanggo nglanjutke lan ngrampungne cerkak iku mau, Teresha
banjur crita dawa lan akhire crita iku mau dirampungi paraga “Amir” kang
ditikung kancane dewe yaiku “Inun”. Akhire crito iku mau rampung. Bu Mifta
banjurr ngutus arek-arek gawe kelompok sak kelompok ana 5 arek kejaba seng uwes
crita nek ngarep mau.
Waktu wes
rampung aku lan arek-arek diwenehi tugas gawe cerkak kang diketik ing computer.
Aku bingung arep nulis opo. Sampek tekan ngomah aku panggah kepikiran ngenani
tema sing kudu tak tulis. Amergo suntuk panggah mikir tugas, aku banjur ngecam
wedang kopi kanggo nenangke pikiranku. Ono sejam an aku nyruput wedang kopi iku
sinambi ngangen-angen apa sing kudu tak tulisne. Mergo panggah suntuk, akhire
aku nekat mbukak laptop lan langsung akhire aku nulis opo wae sing tak lakoni
iki mau sampe akhir. Aku ngetik tugas iku ana rong jam, saka jam 7 nganti jam
9. Mripatku kaya kudu merem ae amerga aku mau awan urung sempat turu. Sabanjure
tugas ku rampung banjur tak edit terus tak salin ing flashdisk kanggo tak
tumpuk sesuk nek mae Bu Mifta.