Powered By Blogger
Powered By Blogger

Minggu, 28 Agustus 2016

Drevanda Opsian Sasongko P. 

Bingung Arep Gawe Cerkak


    Dina iku aku lan kanca-kanca sakelasku entuk pelajaran Basa Jawa ngenani cerkak. Aku lan kanca-kanca ngurokne penjelasanne Bu Mifta ngenani apa sing dimaksud cerkak iku, sabanjure rampung anggone Bu Mifta njelasne, dheweke banjur menehi conto ngenani cerkak. Dheweke crita sinambi mlaku munyer-munyer ing njero kelas. Aku ngrungokne critane Bu Mifta kanthi mahami crita kang di critakke kalihan Bu Mifta. Dheweke nyritakne cerkak kang ngemot tema katresnan, rada let suwe anggone Bu Mifta crita dumadakan dheweke banjur demek aku diutus nerusne critane. Aku kaget lan langsung ngadek nerokne opo kang Bu Mifta kemau contone. Rodo suwe aku crito, aku nyinggung ngenani panganan “Sredeg” tibakne kabeh sakelas iku ora ngerti ukara sing tak sampekne kemau, gurune uga ora ngerti apa iku sredeg. Seredeg iku asline digawe saka gethuk telas sepe kang digoreng diwenehi glepung dadine panganan seng jenenge sredeg kang enak di pangan karo wedang kopi.

    Rampung anggonku nglanjutke critane Bu Mifta, aku banjur nunjuk Rohmat kanggo neruske critaku, Rohmat banjur nerusne crita kang diwiwiti Bu Mifta lan aku. Ora let suwe Rohmat banjur nunjuk Amir kanggo neruske critane dhewekke. Amir crito dowo sampe dhwekke nunjuk Maria kanggo neruske critane. Maria ngadek terus mlaku mubeng samba crita dhewekke nyritakke kisah asmara paraga “Amir lan Mashela” Maria kang biasane menengan iku crita cerkak kuwi mau, rada let suwe dhewekke banjur nunjuk Teresha kanggo nglanjutke lan ngrampungne cerkak iku mau, Teresha banjur crita dawa lan akhire crita iku mau dirampungi paraga “Amir” kang ditikung kancane dewe yaiku “Inun”. Akhire crito iku mau rampung. Bu Mifta banjurr ngutus arek-arek gawe kelompok sak kelompok ana 5 arek kejaba seng uwes crita nek ngarep mau.


   Waktu wes rampung aku lan arek-arek diwenehi tugas gawe cerkak kang diketik ing computer. Aku bingung arep nulis opo. Sampek tekan ngomah aku panggah kepikiran ngenani tema sing kudu tak tulis. Amergo suntuk panggah mikir tugas, aku banjur ngecam wedang kopi kanggo nenangke pikiranku. Ono sejam an aku nyruput wedang kopi iku sinambi ngangen-angen apa sing kudu tak tulisne. Mergo panggah suntuk, akhire aku nekat mbukak laptop lan langsung akhire aku nulis opo wae sing tak lakoni iki mau sampe akhir. Aku ngetik tugas iku ana rong jam, saka jam 7 nganti jam 9. Mripatku kaya kudu merem ae amerga aku mau awan urung sempat turu. Sabanjure tugas ku rampung banjur tak edit terus tak salin ing flashdisk kanggo tak tumpuk sesuk nek mae Bu Mifta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar